Gareng Gumujeng [Yu Tuminah dan mbah Margonaroko]

Silatnas MTA di Istora Senayan, Ahad 15/09/2013
#JimatPenyesatUmat #MTA             
Boleh dibaca, dicopy, dishare, didownload

Latar : rumah mbah Margonaroko, jalan menuju masjid, malam
Pemain : Tuminah, mbah Margonaroko, Janto, Kliwon

Sore itu Yu Tuminah datang kepada mbah Margoneroko dengan maksud minta jimat guna memikat laki-laki agar suka dengannya,,,

Yu Tuminah : " Nuwuun mbah, kula..."

mbah Margonaroko : " Tuminah to? Soko ketawangan Sri Narendra, duwe perlu supoyo di asihi bocah lanang, hayow bener poora ???? "

Yu Tuminah : " Loh mbah kok sampun pirso to? "

mbah Margonaroko : " Hehehe.. aku ki moco daftar buku tamu lan keperluanmu mau. Yow wes pas nduk yen kowe sowan eyang mu iki. Sebaab eyangmu iki kebak piyandel lan komplit sajroning pengasihan ono. Lan kanggone kowe simbah wes cepakke aji sing luwih cespleng tinimbang semar mesem jenenge ' Aji Gareng Gumujeng'. Kasiate nduk , sopo sing ketaman aji iki bakal kepincut karo awakmu nduk.. "

Yu Tuminah : " Wah malah kepeneran matur nuwun mbah, kula malah bade enggal-enggal nyuwun pamit. Kalawau sarat sarananipun sampun kula aturke mas Kliwon sing daftari kula "

mbah Margonaroko : " Ati-ati yo nduk, karo iki namakne Aji Gareng Gumujeng nang jero amplop iku mau. Nyangoni Slamet yo nduk yoo.."

Setelah pulang dari mbah Margonaroko, Yu Tuminah langsung menjajal jimat tadi tapi karena kondisi agak gelap jadi tidak terlihat jelas wajah laki-laki yang ia ikuti. Padahal laki-laki yang sedang ia ikuti adalah Janto, adik yu Tuminah sendiri.

Janto : " Kok kayane baliku soko mesjid iki ono sing ngetutke yo. Coba tak rindik ke lakuku.. "

Yu Tuminah : " (sambil gremeng).. Ajiku Gareng Gumujeng sopo gething dadi seneng kowe bocah lanang sing ono ngarepku tunduk o marang aku... bel gedowel..bel gedowell.. "

Janto : " Lo kui lak Yu Tuminah to. Kok ndremimil nganggo umik-umik barang ki ngopo. Yuuu.. Yu Tuminahh ?! "

Yu Tuminah : " Jangkrik..!! Kowe to Jann. Ngko sik ojo bengok-bengok.. "

Janto : " Oalah Yu.. Yuuu.. kowe mesti bubar merdukun yo, wedi yen dadi prawan kasep? Mbok eling to Yuu, ngono kuwi mau Syirik! Dosa sing Gede Banget! Lagi Yu Tuminah percoyo omongane dukun wae, amal sholatmu ora ditrimo Allah SWT sajroning patang puloh dino. Opo maneh ngamalke kondone dukon, Nerooko Yu panggonmu yen ora ndang tobat! 

Yu, tak kandani yo,, Pakde maringi jeneng Tuminah kanggo sampean ki duwe pengarep supoyo jenengan dadi putri sing Teminah tindak tanduk e.

Lha jenengan malah ora. Latar jembrung ora tau disaponi, tangine mesti ngethong-thong, piromboro kudungannn rambutmu wae pating kreyap ora tau mbok jongkasi, yo pantes wae wong lanang sing petuk kowe malah giloo to Yuu,

Elingo to Yu elingo.. mesakno Pakde kae sak plok ditinggal Bude malah tambah mumet ngrasakne Yu Tuminah. Coba ngajio.. ngajio Yuuu mengko lak ono bedane.. ngajioo Yuu.. "

Yu Tuminah : " Iyo iyo Jan aku kapok, wiwit saiki aku tobat lan nurut opo sing kok kandakne.. "

Tung tung tung tung... kanthi suworo gamelan Jawi pacelathon punika dipun pungkasani.

Nuwun.. Nuwun.. Matur Nuwun

Ditulis tanggal 6/10/2013
Selengkapnya di Radio MTA FM 107,9 & PERSADA FM 102,2 MHz
www.mtafm.com Flexi : *55*411079 atau *55*411022

Subscribe to receive free email updates: