Urip Mung Mampir Ngombe

Urip mung mampir ngombe
#KopiPagi #REDAKSIONAL


Bener ngendikane mbah Ustad,
" Nuruti gengsi mbok nganti modar yo ra bakal cukup le,, "

Uripe menungso ki butuh e mik ono 3: Pangan, Sandang, Papan
Liyane 3 iku, mesti mik kepinginan, alias aksesoris, alias tambahan, alias GAYA,


Sabda Nabi SAW:
"Cukupnya anak Adam akan harta dunia ini nanti kalo sudah masuk Liang Lahat..."

Dadi janji esih urip yo panggah kuuurang bae. Senajan diwei Emas sepenuh bumi yo tetep kurang. Ura bakal cukup, ura kroso cukup, mergo ura isok bersukur,

Onok tonggone duwe montor apik pengen,
Koncoe tuku mobil anyar pengen
Sik ibu2 iku, onok tanggane tuku gelang anyar yo pengen
Nyawang umah e tonggo kok magrong2 mewah. Bareng ndelok umah e dewe kok rumongso elek,,

Kados pituture mbah Gus Dur:
" Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare ndonya
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nisto. . . "

Padahal cak, suk yen wis mati,
Montor mobil sik mewah iku ra bakal digowo
Umah magrong2 ura bakal digowo
Jabatan sampean ura kanggo
Bojo ayu, bojone sampean iku lo mas sik paling ayu dewe. Suk yen sampean mati yo ra bakal digowo,,

Rak peduli pejabat opo rakyat. Wong gagah e koyo ngopo. Janji es mati tetep bakal di idek-idek,

Butuh e opo mas?

Butuh e mik lemah 1×2 meter,
Gek turune tanpo kloso
Omah e raono lawange
Turu dewe raono kancane

KUBURANNN...

Firman Allah SWT:
" Kullu nafsin dzaa iqatul mauut,
Setiap yg bernyawa pasti akan MATI. . ."

Maka mari kita persiapken sangune mati. Urip no ndonya mik mampir ngombe. Ura bakal saklawase. Ibarate kulo lan sampean niki namung ngantri mati..

Dan kita org Muslim harus yakin. Bahwa kehidupan ini bukan cuma di dunia. Tapi ada akherat yg lebih utama. Ada akherat yg disanalah kehidupan sebenarnya, selamanya, sebagai tempat pertanggung jawaban semua amal kita..

Wallahu a'lam bi ash shawaab,,
:)

Subscribe to receive free email updates: